Translate

Monday, April 8, 2013

Labuhan Merapi


           Sleman, www.jogjatv.tv - Ewonan warga Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, dinten Minggu enjing(3/7), katingal tumut nderekaken maneka ubarampe labuhan saking Kraton Ngayogyakarta ingkang badhe dipun labuh dhateng perenging Redi Merapi. Warga masyarakat ingkang tumut lampahing labuhan taun samangke katingal langkung kathah tinimbang taun kapengker.
Kiwa tengen sauruting margi ingkang badhe kangge lampah labuhan dhateng perenging Redi Merapi katingal dipun jagi dening petugas, amrih lampahing labuhan saged rancag. Bab punika jalaran kathah warga masyarakat ingkang kepengin ningali lampahing upacara labuhan dhateng pereng Redi Merapi kasebat. Lampahing upacara labuhan samangke dipun pandhegani dening juru kunci enggal, inggih punika putranipun suwargi Mbah Marijan, Mas Lurah Suraksosihono. Saderengipun labuhan dhateng Wana Bedengan, para abdi dalem Kraton Ngayogyakarta jiarah dhateng tilas griyanipun Mbah Maridjan ing Kinahrejo. Para abdi dalem wau sami monjukaken donga kangge suwargi Mbah Marijan, juru kunci Redi Merapi ingkang tilar jalaran kurdaning Redi Merapi taun 2010 kapengker.
          Labuhan dhateng Redi Merapi samangke dipun adani minangka rerangken upacara tingalan jumenengan dalem Sri Sultan Hamengku Buwana kaping X.Kejawi dhateng Redi Merapi,Kraton Ngayogyakarta ugi ngadani labuhan dhateng Redi Lawu.Maneka ubarampe ingkang dipun labuh inggih punika maneka barang kagungan dalem Sri Sultan Hamengku Buwana kaping X,antawisipun sinjang cangkring,sinjang kawung,dhestar dara muluk,sumekan gadhung mlathi lan sumekan bango tulak.Kejawi punika ugi wonten seswangen sedasa iji.Ancasing labuhan kasebat inggih punika nyuwun kawilujengan dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Hakarya Jagad tumrap warga Ngayogyakarta lan sakiwa tenganipun.

No comments:

Post a Comment